Banyumasan yuk..
Pengantar pramugari pada saat penerbangan di Banyumas Air
"pramugarinya pake bahasa banyumasan , begini nih : Dulur dulur penumpang,
sedela maning motor mabur arep mangkat. Sedurunge inyong karo pramugari liyane
arep nidokna cara cara ngadepi kahanan darurat. Klambi plembungan ana nang
dlesepan ngisor korsi, dinggo nek montor mabur mandek nang nduwur banyu. Carane
jikot klambi seka dlesepan terus dinggo, tarik taline ben klambine mlembung.
Pipa karet di damu ben lampune kelap kelip dadi bisa dideleng seka kadohan.
Klambi kuwe aja dicolong atawa digawa balik, nek konangan bisa ditempiling.
Montor mabur kiye dilengkapi nem lawang, loro nang ngarep, loro nang cewiwi terus
loro maning nang buritan. Nek pesawat kurang hawa nggo ambekan, mengko metu
dewek masker oksigen seka loteng. Nek masker mecotot, gageyan dinggo, ambekan
kaya biasane, aja ngos-ngosan, marakna liyane pada wedi. Semono pengumuman seka
inyong, nek arep maca majalah apa koran, kuwe ana nang dlesepan kursi ngarepe
rika kabeh. Nek arep nguyuh, kakuse nang mburi. Aja nguyuh mbari udud nek
konangan ditempiling. Aja nguyuh ning kakus ngarep, kae kakuse wong sugih. Wis
lah, cangkeme kesel, moga moga slamet waras bisa mudun maning. Kaya kuwe..
Tidak ada komentar:
Posting Komentar